WIDYA UKARA

14/01/2011 11:26

WIDYA UKARA iku kalebu peranganing paramasastra kang ngrembug ukara, frasa, lan klausa (sintaksis). Katelu-telune mau ora bisa kapisah, amarga siji lan sijine ana sambung rapete.

Frasa

Frasa iku klompok-klompok tembung kanthi tandha-tandha:

  1. drajate ing antarane tembung lan klausa (sadhuwure tembung sangisore klausa)
  2. dumadi saka rong tembung utawa luwih
  3. urut-urutane tembung ora kena ngungkuli ayahan (J/W/L)
  4. tembung-tembung kang kadhapuk ikg frasa, urut-urutane saka inti lan atribut (inti =diterangake/D, atribut=nerangake/M)

Tuladha :

  • sepatu sandhal                                                
  • bocah lanang
  • kandhang jaran
  • omah anyar
  • kursi males
  • pager tembok
  • lara untu
  • lagi mangan
  • sirah ngelu

Warna-warnane frasa :

  1. Frasa Endhosentrik

            Frasa kang mung nyebutake salah sawijine perangane, nanging perangan kang disebut mau bisa dadi gantine.

            Tuladha :

            - theklek kayu jati                 -----> theklek kayu/theklek jati

            - tape beras ketan                ------> tape beras/tape ketan

            - nyirami kembang mawar     ------> nyirami kembang/nyirami mawar

            - tuku alat tulis garisan         ------> tuku alat tulis/tuku garisan

            - nyabut suket alang-alang    ------> nyabut suket/nyabut alang-alang

 

            - jati ku perangane kayu

            - ketan iku perangane beras

            - mawar iku perangane kembang

            - garisan iku perangane alat tulis

            - alang-alang iku perangane suket

        2. Frasa Eksosentrik

            Frasa kang salah siji perangane ora bisa dadi perangan liya

            Tuladha :

            - Mas Tamrin kondur saka Pekalongan

            - Mas Brata lagi tindak menyang Semarang

            - Dhik Amir lagi mulih saka sekolah

            ------> ora bisa dikandhakake:

                        - Mas Tamrin kondur saka, utawa

                        - Mas Tamrin kondur Pekalongan

                        - Mas Brata lagi tindak menyang, utawa

                        - Mas Brata lagi tindak Jakarta

                        - Dhik Amir lagi mulih, utawa

                        - Dhik Amir lagi mulih sekolah

Jinising Frasa :

        1. Frasa aran (nominal/benda)

            Tuladha : payung kertas, sandhal jepit, tas gendhong, lemari kaca, godhong gedhang, lsp.

        2. Frasa kriya (verba/kerja)

            Tuladha : arep mangan, lagi nyapu, nembe turu, arep ngepel, lagi maca, nembe adus, lsp.

        3  Frasa kaanan (ajektiva/keadaan)

            Tuladha : cilik mentes, ireng thuntheng, abang mbranang, padhang njingglang, ijo-royo royo

        4. Frasa wilangan (numeralia/bilangan)

            Tuladha : telung wungkus, patang pincuk, limang sunduk, pitung sak, satus piring, lsp.

        5. Frasa katrangan (adverbia/katrangan)

            Tuladha : mung wae, ngono wae, ngene wae, lsp

        6. Frasa sesulih (pronominal/ganti)

            Tuladha : kowe kabeh, kae kabeh, wong-wong kabeh

        7. Frasa ancer-ancer (preposisi/kata depan)

            Tuladha : ing Kudus, saka Malang, menyang Surabaya, lsp.