Pendhidhikan

12/01/2011 06:30
  • OYOTING wit pendhidhikan iku krasa pait, nanging wohe krasa manis. (Aristoteles)
  • Panjenengan bakal ngalami panalangsa kang abot nalika nyedhaki kelakone gegayuhan panjenengan. (Jendral Sudirman)
  • Bocah-bocah mbutuhake patuladhan, dudu pangala-ala. (Josept Joubert)
  • Bangsa kang luhur yaiku bangsa kang bisa ngregani labuh labete para kusumaning bangsa. (Bung Karno)
  • Neng (meneng), Ning (wening), Nung (dumunung), Nang (menang). (Ki Hajar Dewantara)
  • Ing ngarsa asung tuladha, ing madya mangun karsa, tutwuri handayani. (Ki Hajar Dewantara)
  • Jroning kabagyan aja gumedhe, jroning kasusahan aja nglokro. (Kleobulus Von Lindos)
  • Aja wedi kangelan, jalaran nalika nemokake kangelan, mesthi ana kalodhangan kanggo nduweni pilihan. (Albert Einstein)
  • Ing sakburine wong-wong kang kasil (sukses), ana taun-taun kang dikebaki. (Margareth Thatcher)]
  • Hakekate saka sakabehing wujud panggulawenthah yaiku glantarake wong bisa mawas dhiri. (Galileo)
  • Ngelmu tanpa agama lumpuh, agama tanpa ngelmu wuta. (Albert Einstein)
  • Mula bukane wong kepengin nduweni ngelmu amarga saka anggone ora percaya, dene wong kepengin nduweni agama amarga saka anggone percaya. (Bung Hatta)
  • Ngelmu luwih utama tinimbang bandha, jalaran ngelmu iku sing bisa njaga awakmu lan sangsaya tambah, yen digunakake. Dene bandha kowe sing wajib njaga lan bakal entek yen dinafkahke. (Ali bin Abi Thalib)
  • Ngelmu ora bisa ginayuh kejaba kanthi andhap asor lan mbangun miturut. (Al Ghazali)