PASANG JAM JAWA

27/01/2011 17:19

Jam aksara Jawa

Yen panjenengan mriksani jam ing Website iki, mbokmenawa ana sing katon istimewa. Pancen ora salumrahe jam sing nganggo angka Arab utawa Romawi minangka tandha wektune, nanging nganggo angka saka aksara Jawa (carakan). Jam iku dak "colong" saka situs resmi aksara Jawa, hehehe... nyolong ning ora ngelongi! Ing kana ana pirang-pirang model jam. Panjenengan bisa ngundhuh versi animasi flash-e lan bisa kapasang ing desktop.

Mungguhing para kadang sing ngersaake jam iku kapasang ing blog utawa utawa situs kagungane, ing ngisor iki dak aturake script oleh-olehe anggonku "nyolong" kuwi mau. [skd]




Sumber colongan: The Official Site of Aksara Jawa.