KIDUNG PERAWAN

12/12/2010 07:39

KIDUNG PERAWAN

Dening : Anita Retno Larasati

Aku kepengin gawe reca

Sing wujude wong lanang gagah

Praupane Arjuna awake Bima

Banjur dadi kanca ing omah

    Sawektu-wektu

    Aku bisa ngelus-elus reca iku

    Kaya wong wadon gandrung

    Banjur kadlarung-dlarung

Aku uga kepengin bebojoan

Karo reca tapa guneman

Ora usah kuwatir diwayuh

Utawa ditinggal lunga adoh