AKSARA MAJAPAHIT

16/01/2011 15:01

 

prasasti-Singosari_1351

Prasasti Singhåsari 1351

 

Ing sajarah Nuswantårå mångså antårå taún 1250 - 1450 iki ditandhani karo dhominasi Måjåpait ing Jåwå Wétan.
Aksårå Måjåpait iki ugå nudúhaké pangarúh såkå gaya panulisan ing róntal lan rupané éndhah. Gayané sêmu kaligrafis.
Conto utåmå gaya panulisan aksara iki bisa paling bêcík didêlêng ing Prasasti Singhåsari 1351 sing gambaré ana ing sisih ndhuwur iki.
Gaya panulisan aksårå gaya Måjåpait iki wis nyêdhaki gaya modhèrn.

05 Aksårå Pasca-Måjåpait


Pr_Ngadoman

Prasasti Ngadóman

 

Sawisé jaman Måjåpait síng miturút tradhisi Jåwå nêgårå binêdhah ing taún 1478 (cåndråsangkalané sirnå ilang krêtaning bumi) nganti pungkasan abad kapíng 16 utåwå awal abad kapíng 17, kanggo sajarah aksårå Jåwå bisa diarani "jaman pêtêng".
Amêrgå sawisé iku nganti awal kapíng 17 mèh ora ditêmókaké bukti panulisan.
Ujug-ujug bêntúk aksårå Jåwå dadi bêntuké síng modhèrn.

Sênadyan mêngkono ugå ditêmókaké prasasti síng wigati amêrgå dianggêp dadi "missing link" antårå aksårå Hånåcåråkå såkå jaman Jåwå Kunå lan aksårå Budå síng isíh diênggo ing Tanah Jåwå, utamané ing sakiwa-têngêning Gunúng Mêrapi lan Mêrbabu nganti abad kaping 18.
Prasasti síng diómóngaké iki diarani Prasasti Ngadóman síng ditêmókaké cêdhak Sålåtigå.
Nangíng conto aksårå Budå síng paling tuwå didugå asalé såkå Jåwå Kulón lan ditêmókaké ing naskah-naskah síng ngamót Kakawin Arjunawiwaha lan Kunjarakarna gancaran.