AKSARA JAWA HANACARAKA

16/01/2011 14:55

Aksårå Hånåcåråkå iku babóné aksårå Brahmi síng asalé såkå Hindhústan.
Ing anak bawånå Indhia iku akèh rupa-rupaníng aksårå. Salah sijiníng aksårå síng wigati iku aksara Pallawa saka Indhia sisih kidúl.
Aksårå iki inaranan mêngkéné miturút jênêngé salah siji karatón ing Indhia kidúl yaiku Karajan Pallawa.
Aksårå Pallawa iki digunakaké ing kiwa têngêné abad kapíng-4 Masèhi.
Ing Nusantårå patilasan sajarah arupå prasasti Yupå saka Kutai, Kalimantan Wétan tinulis nganggo aksårå Pallawa.
Aksårå Pallawa iki dadi babóné kabèh aksårå Nusantårå, antarané aksårå Hånåcåråkå ugå aksårå Réncóng (aksara Kaganga), Surat Batak, aksara Makassar lan aksara Baybayin (aksarané saka Filipina).
Professor J.G. de Casparis, yaiku pakar paléografi utåwå ahli ngèlmu sajarah aksårå misuwúr såkå Walåndå mérang sajarah tuwuhíng aksårå Hånåcåråkå ing limang mångså utåmå:

1. Aksårå Pallawa

2. Aksårå Kawi Wiwitan

3. Aksårå Kawi Pungkasan

4. Aksårå Måjåpait

5. Aksårå Pasca-Majåpåit utawa Hånåcåråkå

Aksårå Pallawa iki digunakaké ing Nusantårå såkå abad kapíng 4 nganti kurang luwíh abad kapíng 8.
Banjúr aksårå Kawi Wiwitan diênggo såkå abad kapíng 8 nganti abad kapíng 10 utamané ing Jawa Têngah.
Aksara Kawi Pungkasan digunakaké sawisé abad kapíng 10 nganti kirå-kirå abad kapíng 13 ing Jåwå Wétan.
Banjúr aksårå Måjåpait iku digunakaké ing Jåwå Wétan nalikå jaman Måjåpait.
Banjúr sawisé karajan Måjåpait binêdhah, muncúl aksara Hånåcåråkå modhèrn síng ugå kêrêp diarani aksårå Jåwå.
Aksårå ini banjúr dadi kanggo ing saubêngíng Tanah Jawa, Tatar Sundhå, Madurå, lan Bali.
Kabèh-kabèh aksårå iki dadi sakêlómpók lan isíh sakêrabat.
Nangíng sajatiné ugå ånå aksårå liyané ing tanah Jåwå síng luwíh lawas lan isíh diênggo.
Aksårå iki jênêngé dadi aksara Budå.

Aksårå Hånåcåråkå banjúr déníng wóng-wóng Eropah digawèkaké vèrsi aksårå céthak ing abad kapíng 19.