WIDYA TEMBUNG

14/01/2011 11:45

Tembung ing basa Indonesia diarani kata. Tembung iku swara lan campurane swara kang metu seka pocapan. Tembung uga nduwe teges gabungane aksara kang nduwe arti ing sawijining basa.

 

Jinis

Yen dideleng saka babagan widya tembung (morfologi), tembung kapérang dadi rong jinis:

Aktif/pasif

Miturut aktif utawa orané tembung Jawa kapérang dadi loro:

Tembung tanggap yakuwi tembung lingga jroning Basa Jawa sing diwuwuhi ater-ater tripurusa (dak-, ko-, lan di-) lan seselan -in. Jinisé tembung tanggap anapapat[1].

  • Tembung tanggap tripurusa, yaiku tembung lingga sing diwuwuhi ater-ater tripurusa. Tuladha: dakpangan, kojupuk, dibalangi.
  • Tembung tanggap na, yaiku sing diwuwuhi seselan -in. Tuladha: tinulis, sinengkakaké.
  • Tembung tanggap tarung, yaiku tembung dwilingga sing diwuwuhi seselan in tripurusa. Tuladha: sawang-sinawang, serat-sinerat.
  • Tembung tanggap ka, yaiku tembung tanggap sing diwuwuhi ater-ater ka-. Tuladha: kaobong, kagéndhong.

Tembung tanduk yaiku tembung lingga jroning Basa Jawa sing olèh ater-ater hanuswara (m-, n-, lan ny-). Ana telung jinis tembung tanduk, yakuwi[1]:

  • Tembung tanduk kriya wantah, yaiku tembung sing ora olèh panambang. Tuladha: maju, ngadeg, nyapu.
  • Tembung tanduk i- kriya, yaiku tembung tanduk sing olèh panambang i. Tuladha: nulungi, ngumbahi, nyaponi.
  • Tembung tanduk ke- kriya, yaiku tembung tanduk sing diwèmèhi panambang -ké utawa -aké. Tuladha: nyèlèhaké, nuduhaké, mbalèkaké.

Miturut wewangunan tembung

Yèn disawang miturut wewangunané, Basa Jawa kuwi ana maneka warna tembung:

Golongan

Miturut golongané tembung ana 10 werna[1] [2] [3], yakuwi:

Miturut kelas tembung:

  • Tembung kriya (Basa Indonésia: kata kerja utawa verba), tuladha: maca, nulis, mangan, nyapu
  • Tembung aran (Basa Indonésia: kata benda utawa nomina), tuladha: méja, lemari, buku.
    • Tembung sesulih (Basa Indonésia: kata ganti utawa pronomina), tuladha: aku, kula, kowé, panjenengan, iki, iku
    • Tembung wilangan (Basa Indonésia: kata bilangan utawa numeralia), tuladha: setengah, papat, enem
  • Tembung sipat/kaanan (Basa Indonésia: kata sifat utawa adjektiva), tuladha: seneng, susah, apik, putih
  • Tembung katrangan (Basa Indonésia: kata keterangan utawa adverbia), tuladha: kulon, wétan, tengah, ngisor

Tembung tugas

  • Tembung pangarep (Basa Indonésia: kata depan utawa preposisi), tuladha: ing, sing, saka, menyang
  • Tembung panyambung (Basa Indonésia: kata sambung utawa konjungsi), tuladha: lan, sarta, wusana, mulané
  • Tembung panguwuh (Basa Indonésia: kata seru utawa interjeksi), tuladha: ah. èh, adhuh, wah
  • Tembung sandhangan (Basa Indonésia: kata sandang utawa artikel), tuladha: Sang, Raden, Hyang, Kyai
  • Tembung partikel (Basa Indonésia: partikel), tuladha: -kah, -lah, -pun dan -tah