PELUNCURAN WEBSITE

11/12/2010 09:03

Atur Sapala,

Assalamu'alaikum Wr.Wb.,

Nuwun,

Kanthi ngucapaken raos puji syukur konjuk dhateng Gusti Ingkang Maha Asih ing titi wanci punika sampun kasil ngaturaken satunggaling sarana kangge nguri-uri kabudayan Jawi, mliginipun basa tuwin sastra Jawi. Kacamaya punika kaaturaken dhateng soksintena kemawon ingkang remen nggilut luhuring kabudayanipun piyambak inggih punika kabudayan Jawi. Sumangga kula aturi pinarak wonten ing WEBSITE punika amrih ketingal greget anggen kita ngrembakaken basa tuwin sastra Jawi. Panyuwun kula mugya para sutresna kersaa paring pamrayoga saha panyaruwe amrih lestantunipun kabudayan dhaerah, saengga ing samangge kaajab saged nyengkuyung ngrembakanipun kabudayan Nasional tuwin Internasional.

Wassalamualaikum Wr.Wb.,

Nuwun.