Suba-sita

12/01/2011 06:23
  • DIWERUH ing suba-sita, nanging aja pisan-pisan ngasorake awak, awit subasita bisa gawe kajening manungsa. Dene wong kang ngasorake awake, bisa gawe ewaning ati. (Panyebar Semangat)
  • Ajining dhiri saka kedaling lathi, ajining raga saka busana. (Para Leluhur)
  • Wong kang isih nduwe rasa isin iku tegese isih nduweni rasa iman, jalaran isin iku saperangan saka iman manungsa. (Al Hadist)
  • Kang ngasorake lan ngluhurake martabate manungsa iku dudu wong liya, nanging saka tumindak lan patrape dhewe. (Ki Adi Purwa)
  • Wong kang gaweane nyampuri urusane wong liya, kang sejatine dudu urusane padatane wong iku nduweni prakara kang luwih gedhe tinimbang wong sing dicampuri. (Ki Adi Purwa)
  • Wong kang ora bisa niteni kabecikane wong liya, nuduhake yen wong iku wis ngasorake dhiri pribadine dhewe. (Ki Adi Purwa)
  • Ngati-atia jroning geguyon, jalaran akeh bebaya kang ana ing jerone. Akeh geguyon kanca karo kanca pungkasane timbul padudon lan cecongkrahan. (Hassanuuddin Al Waaizi)
  • Ajenana lan tresnanana wong tuwamu sakloron, kowe wis mesthi bakal urip kepenak lan mulya. (Ali bin Abi Tholib)