LELUCON 1

14/01/2011 06:02

Pucung 1

Cipta    : "Cangkriman tembang pucung iki batangen!"

Adi       : "Kaya ngapa coba?"

Cipta    : "Bapak Pucung, sasedulur ana pitu, tan ana sing padha, mati nenem urip siji, dulur pitu tan nate urip barengan."

Adi       : "Apa batangane?"

Cipta    : "Dina."

Adi       : "Saiki genti aku. Bapak pucung, sasedulur ana telu, tan nate barengan, ana banter ana rindhik, tanpa kuwin gawe bingunge sing nyawang."

Cipta    : "Apa kuwi?"

Adi       : "Pandom jam."

Cipta    : ??!!!