PARIKAN

16/12/2010 05:04

Eee Lha Ee Lho Kok Kaya ...?

 Dening : Ki Dwija Purwa

Nguyak tikus, nguyak tikus neng plataran,

Yan wis lulus, yen wis lulus nunggu lamaran

Eee lha ee lho, sawo dipangan uler,

Eee lha ee lho, isih bodho ngaku pinter.

 

Nata watu, nata watu neng ngisor pager,

Wegah sinau, wegah sinau kok njaluk pinter,

Eee lha ee lho, wingko babat dirubung laler,

Eee lha ee lho, bocah bodho ngaku pinter,

 

Tuku graji, tuku graji buntele koran,

Pamite ngaji, pamite ngaji jebul pacaran

Eee lha ee lho, soto babat diwadhahi kwali,

Eee lha ee lho, jare mertobat kok dibaleni.

 

Othok-othok. othok-othok unine tekek,

Wong wis pekok, wong wis pekok gaweane ngepek,

Eee lha ee lho, iwak bandeng diwadhahi kerdhus,

Eee lha ee lho, rupa nggantheng ra tau adus,

 

Nyimpen jadah, nyimpen jadah diwadhahi tumbu

Yen sekolah, yen sekolah ra tau mlebu

Eee lha ee lho, Gisikdrana wong-wonge sehat

Eee lha ee lho, dadi siswa gaweane telat,

 

Lunga ngarit, lunga ngarit numpak sekuter

Dadi murid, dadi murid kudu sing pinter,

Eee lha ee lho, iwak bethik mlebu neng wuwu,

Eee lha ee lho, nggantheng sithik sregep sinau.

 

Kreneng  watu, kreneng watu kanggo pasaran,

Nggantheng ayu, nggantheng ayu murid Kesatrian,

Eee lha ee lho, andheng-andheng neng ngisor mulut,

Eee lha ee lho, sing sapa mandeng mesthi kepincut,

 

Lunga Mangkang, lunga Mangkang numpak sekuter,

Yen diwulang, yen diwulang gaweane ngiler

Eee lha ee lho, sepatu sendhal jenenge selop,

Eee lha ee lho, yen mangsuli mung dlongap-dlongop,

 

Karangayu, Karangayu Kutha Semarang,

Rupa ayu, rupa ayu ra tau sembahyang,

Eee lha ee lho, tuku jadah neng pasar Babadan,

Eee lha ee lho, pamit sekolah malah kluyuran