KETHOPRAK SISWA KANTHI LAKON "JAKA TINGKIR"

07/01/2011 20:59

Kanggo ngundhakake katrampilan basa lan sastrane para siswa bisa katindakake kanthi maneka warna cara. Ing antarane kanthi praktek wawancara langsung karo narasumber, musikalisasi geguritan ing alam yaiku maca geguritan kairingi gendhing utawa musik mawi setting utawa latar alam , praktek pidhato, gawe film, kethoprak, sandiwara, film lelucon, lsp. Cara-cara kasebut bisa gawe gregete para siswa anggone nyinaoni basa Jawa. Jalaran yen pasinaon basa Jawa isih asipat konvensional para siswa banjur kurang greget anggone nampa piwulangan basa Jawi. Apa maneh piwulangan basa Jawa kalebu wulangan kang ora diujekake secara nasional. Mula kanggo nggugah semangate para siswa anggone nyinaoni basa Jawa para dwija diajab kudu bisa nyiptakake kreatifitas sajroning pamulangan.

Kethoprak utawa sandiwara siswa yaiku salah sijine cara kanggo nggladhi ketrampilane basa para siswa. Iki bisa katindakake kanthi menehi tugas marang para siswa secara kelompok nggawe film kethoprak utawa sandiwara kang settinge bisa katindakake langsung ing alam. Cara iki bisa narik minate para siswa, jalaran para siswa bisa praktek langsung nggunakake basa Jawa. Para siswa ditontonake luwih dhisik kanthi kethoprak dewasa (lumantar VCD), sabanjure ditugasi nyusun naskah saka asile nonton mau. Adhedhasar naskah kang wis kasusun mau para siswa banjur mraktekake secara langsung ing alam. Cara iki pancen rinasa mbutuhake wektu sing kurang sithik. Nanging yen kaprogram kanthi becik cara mangkono bisa luwih efektif kanggo mulangake basa Jawa. Jalaran kanthi parktek main kethoprak utawa sandiwara secara langsung siswa wus bisa nguwasani patang (4) ketrampilan basa yaiku ngrungokake, micara, maca lan nulis.

Sumangga tumrap para sutresna kang arep mbutuhake Naskah Kethoprak Siswa kanthi lakon "Jaka Tingkir" bisa kawaos ing ngisor iki :

SKENARIO KETHOPRAK KANTHI LAKON "JAKA TINGKIR"

Ing sawijining desa yaiku aran desa Tingkir, ana nom-noman kang wis kondhang bagus lan kalimpatane. Nom-noman mau jenenge Mas Karebet. Gandheng dheweke iku manggon ing desa Tingkir, banjur wong-wong padha ngundang jenenge kanthi sesebutan "Jaka Tingkir".

Adegan I

(Ing wayah esuk, kaya adat sabene Mas Karebet nggarap tegalane. Suket-suket sing ana ing sakiwa tengene wit gedhang dibubuti, Dheweke nyambut gawe kanthi tlaten. Nalika lagi mbubuti suket dumadakan ana pawongan kang nyuwara uluk salam).

Sunan Kalijaga : "Assalamu'alaikum wr.wb. Hee, Mas Karebet!"

Mas Karebet      : (Kaget karo namatake Sunan Kalijaga). "Wa'alaikum salam wr.wb. Dene kowe ngerti marang aku. Yen dakwaspadakake saka saranduning badanmu katon sumunar mblerengi mripatku. Sapa sejatine kowe?"

Sunan Kalijaga : "Mangertenana ya aku iki kang diarani Khodli Jakah. Wong-wong banjur ngarani aku Sunan Kalijaga."

Mas Karebet      : (Atur sembah karo Sunan Kalijaga). "Ohh, Kanjeng Sunan Kalijaga! Nyuwun agunging pangaksama, kula boten mangertos menawi panjenengan punika Kanjeng Sunan Kalijaga."

Sunan Kalijaga : "Karebet, ya Jaka Tingkir, lha kok kowe ning padakan kene ki ngapa?"

Mas Karebet      : "Nuwun sewu, Kanjeng Sunan. Jer punika pancen sampun dados pedamelan kula."

Sunan Kalijaga : "Nanging ngertenana Karebet, papan dunungmu sing kepenak iki, ya ora ning kene iki, nanging nggomu urip kepenak iku ya     neng Demak Bintara kana."

Mas Karebet      : "Kanjeng Sunan. Kados pundi, papan rame kemawon kula boten mangertos, punapa malih Demak Bintara."

Sunan Kalijaga : "Tekaku mrene ya mung arep menehi ngerti menawa sejatine kowe kuwi bakal nemokake kamukten ana ing Demak Bintara.    Miturutku, ya kowe mbesuk sing bisa ngratoni ing Tanah Jawa. Mula Karebet, tinggalna desa Tingkir iki, tumujua menyang Demak Bintara."

Mas Karebet         : "Ananging kula punika lare dhusun, papan ingkang rame kemawon boten mangertos, punapa malih Demak Bintara."

Sunan Kalijaga : "Kabeh kuwi durung ngerti, yen durung nate nglakoni, Mula, kowe daktundhung menyang Demak Bintara. Kanggo ngancani    lakumu, kowe daksangoni keris aran Kyai Sengkelat. Tampanana Karebet!"

Mas Karebet      : (Kanthi laku dhodhok nampani Keris Kyai Sengkelat). "Sendika dhawuh Kanjeng Sunan!"

Sunan Kalijaga : (Karo ngulungake Keris Kyai Sengkelat). Keris iki ganepe ana telu, mula temokna sing loro maneh, yaiku aran Nagasasra lan Sabukinten. Kyai Sengkelat nduweni teges pangkat utawa drajat, Nagasasra nduweni teges panguwasa, dene Sabukinten nduweni teges bandha utawa arta. Ananging aku meling marang kowe Karebet, ilangana sipatmu sing ora apik kuwi. Aja gumampang nibakake sadak kinang ing saenggon-enggon!"

Mas Karebet     : (karo sila sirah tumungkul). "Inggih, Kanjeng Sunan."

Sunan Kalijaga : "Ya wis, dakrasa cukup anggonku matur. Aku daknerusake laku. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Mas Karebet      : "Wa'alaikum salam wr.wb. (Jaka Tingkir kaget sanalika sawise maspadakake pawongan kang nembe wae ngajak guneman, dumadakan ilang saka ngarepe).

 

Adegan II

(Sapungkure Sunan Kalijaga ora let suwe Nyai Tingkir karo Ki Ganjur tumuju ing papan panggonane Jaka Tingkir. Nyai Tingkir ngundang-undang marang Jaka Tingkir)

Nyai Tingkir : "Bet..., Karebet!"

Mas Karebet : (Semu kaget nyinggahake pusaka Kyai Sengkelat  ing jeron klambine). "Inggih! Kula wonten ngriki."

Nyai Tingkir : "Nyambut gawe wiwit mau kok ora leren-leren ta Karebet!?. Wiwit esuk nganti sore apa ya ora kesel!?".

Mas Karebet : "Inggih, sekedhap malih, wong punika ngresikinipun kirang sekedhik."

Nyai Tingkir : "Iki lho ana pamanmu saka Demak Bintara."

Mas Karebet : (karo nyalami pamane). Ooo, Paman. Wonten prelu punapa, Paman? Agemanipun endah tur dhemes."

Ki Ganjur : "Ya ngene iki anggon-anggonane wong tuwa, sanajana paceklik nanging ya kudu nganggo klambi kang endah, ora ketok apa kuwi lagi susah utawa seneng. Amarga ajining raga saka busana. Rak ya ngono ta Karebet?"

Mas Karebet : "Inggih, Paman."

Ki Ganjur : "Ngene lho Karebet, preluku mrene arep ngajak kowe menyang Demak Bintara."

Mas Karebet : "Kula dhateng Demak Bintara? Wah remen sanget, Paman!"

Ki Ganjur : "Mbiyen bapakmu pesen karo aku supaya ngajak kowe menyang Demak Bintara. Ya aku sak bisa-bisa ngajak kowe menyang kana kanggo ngudi kawruh. Sapa ngerti yen menawa neng kana kowe bakal ngempil kamukten. Sak candra maneh ing Demak Bintara ana sing diarani Sasi Mulud."

Mas Karebet : "Ananging lajeng ibu kados pundi? (karo namatake Nyai Tingkir)

Nyai Tingkir : "Lho, kok aku? Ya ora apa-apa. Neng Demak Bintara kowe sinambi ngangsu kawruh lan mengko saka kono kowe banjur bisa ngamalake kawruh iku."

Mas Karebet : "Lajeng kapan badhe bidhal dhateng Demak Bintara, Paman?"

Nyai Tingkir : "Ya mesthine sesuk. Pamanmu rak ya lagi rawuh. Saiki kowe enggal tata-tata, sesuk-esuk budhal. Ayo saiki mulih dhisik!"

Mas Karebet : "Mangga Paman kula dherekaken!"