KAWRUH LUDRUG

20/01/2011 16:45

Ludruk iku seni panggung sing asale saka Jawa Timur. Pramila, Ludruk iki muncul saka kesenian rakyat jenenge Besutan, seni besutan iki biyen dipentaske ing ratan ditonton karo akeh uwong.

Ludruk kasebar ing tlatah Jawa Timur sing budayane budaya Arekan, wiwit saka Jombang nganthi Jember.

Bab lan Paragraf

[delikna]

[sunting] Isi crita

Ludruk iki beda karo kethoprak, amarga Ludruk caritane perkara panguripan sak dina-dina lan sok-sokan nyeritakake perkara kahanan anyar kaya ta kadadean ing negara. Biasane Ludruk dibuka karo tandhakan kaya tari ngremo, utawa beskalan putri yen Ludruk cara Malangan. Pambukane Ludruk biasane kawujud Parikan (nembang/ngidung) sing isine ana gandheng cenenge karo kahanan anyar.

[sunting] Basa ludruk

Dhialog ing Ludruk iki biasane nganggo dhialek Surabayaan, sawetara Ludruk ing tlatah Prabalingga, Lumajang lan Jember nganggo basa Madura.

Salah sijining protagonis ludruk sing misuwur yakuwi pak Sakera, jagowane wong Madura.

[sunting] Génerasi ludruk

  • Ludrug Bandan
  • Ludrug Lerok
  • Ludrug Besutan
  • Ludrug Stambul Jawi
  • Ludrug Sandiwara
  • Ludrug Seni Drama

[sunting] Klompok Ludrug Kondhang

  • Ludrug Marikangen
  • Ludrug Genthèng Legèn
  • Ludrug Rombongan Cak Durasim
  • Ludrug Jawa Timur
  • Ludrug Sekar Mulya
  • Ludrug Marhaen
  • Ludrug Masa
  • Keluarga Ludrug RRI